Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan panampi ( penerimaan ) pengantin pria dalam bahasa jawa


Berikut ini adalah contoh sambutan penerimaan pengantin pria bahasa krama inggil yang disampaikan oleh perwakilan dalam acara pasrah panampi pengantin pria adat jawa.

Contoh sambutan panampi pengantin pria bahasa jawa


Assalaamu'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh..
Dhumateng panjenenganipun Bapak.......( ingkang pasrah ) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih sederengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadhang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaruraken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kuwasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.

Panjenenganipun Bapak........( ingkang pasrah ) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula  aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak.......( ingkang mengku gati )  karana badhe kepanggihan  miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapak......( mengku gati ) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.

Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana wabillahi taufik wal hidayah wassalamu 'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh.


Post a Comment for "Contoh sambutan panampi ( penerimaan ) pengantin pria dalam bahasa jawa"