Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh MC dalam acara akad nikah dalam bahasa jawa.

Contoh MC dalam acara akad nikah dalam bahasa jawa.


Assalamu'alaikum warrahmatullahi Wabarakatuh.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem kesempatan ingkang bahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dhumateng Allah, amargi wekdal siang niki kito dipun paringi nikmat rupi kesehatan, sehinggpo wekdal niki saged  ndugeni undanganipun Bapak......sakeluargo ing dalem acara akad nikah putrinipun ingkang asmanipun.........ingkang angsal jodoh asmanipun sederek.......
  Kaping kalihipun mugio keslametan lan kasejahteraan tetep dipun curahaken dumateng Nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun , poro sahabatipun lan sedoyo pengikutipun.
  Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Kito dipun kempalaken dumateng Bapak......sekeluarga wonten panggenan mriki inggih meniko :
Ingkang nomer setunggal supados kitp nyumerepi lan nyekseni mbok beleh akad nikah utawa perkawinanipun putrinipun ingkang asmo........kalih sederek.......lan ingkang nomer kalih inggih meniko kito dipun suwun supados ndingakaken dumateng penganten kekalih ingkang badhe nglangsungaken akad nikah utawi perkawinanipun, ugi ing dalem gesangipun ing rumah tangganipun, mugio angsal bimbingan lan petunjuk ugi kesabaran ing dalem menghadapi pinten - pinten cobaan lan ujian.
   Ingkang kulo hormati Bapak.......lan poro undangan. Sakderengipun kito ing dalem acara selajengipun inggih meniko, monggo kito awali acara niki kelawan waosan suratul Fatihah, supados kito sedoyo angsal barokah kelawan waosan surat al Fatihah. Ilaa Hadlroti. Nabiyyil Musthofaa al Fatihah........
  Kulo sampeaken matur suwun kelawan waosanipun, mugi - mugi nopo ingkang dados hajat kito sedoyo dikabulaken Allah SWT. Aamiin yaa Robbal 'Aalamiin.
  Selajengipun inggih meniko, waosan ayat - ayat suci Al Qur'an , wekdal niki badhe dipun sampekaken dumateng sederek....dumateng kiyambakipun kulo sumanggakaken.

~~Waosan Ayat -ayat Suci Al Qur'an~~

Mekaten kolo wahu waosan ayat - ayat suci Al Qur'an, ingkang dipun waos sederek...., mugi - mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wahu saget nambahi keimanan kito dumateng Allah SWT. Khususipun shahibul hajat.
  Sakderengipun akad nikah dipun milahi, monggo kito dipirengaken khutbhah Nikah, wekdal niki bade dipun sampekaken dening Al Mukarom Bapak...dumateng panjenenganipun wekdal dipun sumanggakaken.

~~Khutbah Nikah ~~

Acara ingkang kaping tigo inggih meniko ngerupekaken acara inti, inggih neniko palaksanaan akad nikah, dinten niki bade dipun pimpin Bapak....., panjenenganipun selaku ingkang  berwenang saking penganten Putri. Dumateng Bapak.......dipun sumanggakaken.

~~Pelaksanaan Akad Nikah~~

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Nembeh mawon kito nyaksikaken sareng - sareng pelaksanaan akad Nikah antawisipun sederek ........kelawan......., ingkang dipun pimpin dening Bapak... . Mugio akad nikah kolo wau dipun lampahi kaping setunggal niki mawon selami gesangipun.
  Sedoyo undangan ingkang kulo hornati.
Selajengipun acara ingkang kaping sekawan niki ngerupekaken acara paling akhir kiyambak, inggih meniko waosan do'a . wekdal niki bade dipun sampekaken dening Bapak......, dumateng panjenenganipun dipun sumanggakaken.

~~Waosan Do'a~~

  Matur suwun, kulo sampekaken dumateng Al Mukarom bapak K.H......., ingkang sampun maosaken do'a kolo wahu, mugi - mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wahu dikabulaken dening Allah SWT.
  Selajengipun ngerupekaken penutup. Sak derengipun acara niki kulo tutup, kulo selaku ingkang mbetoh acara ing wekdal niki, mbok beleh wonten ucapan - ucapan ing dalem maosaken  acara dinten niki katah kelepatanipun, kulo atas nama pribadi nyuqun agunge pangapunten dumateng poro undangan.
  Ingkang akhir, perlu kito perhatosaken, mbok beleh poro hadirin saksampunipun acara niki kulo tutup supados undangan sedoyo istirahat sekedap, keranten wonten kepentingan.
  Poro undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Akhiripun, monggo kito tutup acara niki kelawan waosan hamdalah ;.......
Al hamdulillaahi robbil 'aalamiin. Wabillahit taufik wal hidayah. Wassalamu'alaikum warrahmatullaahi Wabarakatuh.

   ~~~~~~~~~~~~~~~~~





Post a Comment for "Contoh MC dalam acara akad nikah dalam bahasa jawa."