Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan dalam acara aqiqah dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara aqiqah dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara aqiqah dalam bahasa jawa

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh.
  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kan hidayahipun sehinggo wekdal niki kito saged ndugeni undanganipun Bapak .......sekeluargo ing dalem acara walimah aqiqah.

  Shalawat ugi salam, mugiyo tetep dipun paringaken dumateng Nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun, poro sohabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu - estu lan leres. Mugiyo kito kalebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti estu - estu lan leres.

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Ing wekdal niki inggih meniko wengi ingkang kaping ( malam ke : )......kelairane nyogo ingkang kaping ( anak ke : )saking Bapak......lan saking Ibu ingkang asmo......lan saking raosipun syukur lan bingah dumateng Allah SWT, kulo lan panjenengan sedoyo wekdal niki dipun undang kaperlu tasyakuran ing dalem acara aqiqohi nyogohipun.

  Kito sedoyo kedah sumerep mbok beleh aqiqoh niki sunnat hukumipun. Kados pengendikane Nabi Muhammad SAW, wonten hadist riwayat Bukhari saking Salman bin Amar Adh Dhahabi, ingkang artosipun :
" Saktemene anak iku nduweni hak diaqiqohi, mongko kanggo deweke tumpahno getih lan adohno marang penyakit saking deweke ( kelawan nyukyr rambute ). "

Semanten ugi ing dalem hadist riwayat Thirmidzi saking Aisyah radhiyallahu anhu ngucap, saktemene Nabi Muhammad SAW ngendiko :
" kanggo anak lanang iku disembelihno wedus akehe loro ingkang sami umure. Lan kanggo anak wadon iku disembelihno wedus siji ".

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Mekaten kolo wahu sambutan kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agunge pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo.
Akhirul Kaalam. Wassalamu'alaikum Warrahmatullaahi Wabarakatuh.

   ~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


Post a Comment for "Contoh sambutan dalam acara aqiqah dalam bahasa jawa"