Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan dalam acara Tasyakuran menempati rumah baru dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara Tasyakuran menempati rumah baru dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara Tasyakuran menempati rumah baru dalam bahasa jawa

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh.
  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kan hidayahipun sehinggo wekdal niki kito saged ndugeni undanganipun Bapak .......ingkang nggadah hajatan arupi tasyakuran ngenggeni griyo anyar.

  Shalawat ugi salam, mugiyo tetep dipun paringaken dumateng Nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun, poro sohabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu - estu lan leres. Mugiyo kito kalebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti estu - estu lan leres.

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Perlu sedoyo undangan sumerepi mbok beleh Bapak........wekdal niki raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, keranten nopo ingkang dipun arep - arepaken kaliyan keluarga saniki sampun dipun kabulaken. Inggih meniko dipun paringi saget mbangun griyo ingkang sahe, kados mekaten niki. Lan semanten ugi raos syukuripun Bapak......sekeluargo, kito dipun undang kaperlu nderek tasyakuran sareng - sareng.
 
   Pramilo saking niku Bapak.....nyuwun do'a restunipun dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo nikmat ingkang dipun terami Bapak......niki saget barokah, wonten manfaatipun lan nikmat niku ugi saget nyaheni lelampahanipun ugi amalan - amalan lintunipun.

  Lan Bapak......nyuwun agunge pangapunten beleh wonten kekiranganipun, nopo niku arupi pasogatan lan lintu - lintunipun.

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten - pinten nikmat. Kito ugi kedah enget mbok beleh bersyukur niku saget nambahi nikmat, maksudipun sinten ingkang raos syukur dumateng ngersanipun Allah, milo saking niku bakal ditambah dening Allah SWT, lan kito kedah enget mbok beleh kito dipun larang kufur nikmat. Syukur dateng nikmat ingkang dipun paringaken Allah, niku mboten cekap diucapaken mawon, ananging kito kedah buktekaken kelawan perbuatan lan lelampahan ingkang dipun perintah dening Allah SWT.

  Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten sambutan saking kulo atas nami saking Bapak.....sekeluargo, mugiyo saget kito fahami, sehinggo kito saget ugi ngamalaken ing dalem gesang kito saben dinten.
Akhirul Kalaam. Ihdinash shiraathal mustaqiim. Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

   ~~~~~~~~~~~~~~~~~~~




Post a Comment for "Contoh sambutan dalam acara Tasyakuran menempati rumah baru dalam bahasa jawa"