Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan pasrah pengantin pria bahasa jawa

Berikut ini adalah contoh sambutan pasrah pengantin laki - laki dalam bahasa jawa krama inggil yang biasa disampaikan oleh perwakilan pada acara pernikahan dalam adat jawa semoga dapat menjadi refrensi.

Contoh sambutan pasrah pengantin pria bahasa jawa



Bismilahirrohmaanirrohiim..
Assalamu'alaikum warohmatullaahi wabarokatuh

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bapak........( ingkang nampi ) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu ( besan ) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus.......mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu.....( ingkang mengku gati ).
Wondene kalampahipun mekaten, kala wau wanci tabuh.....temanten kakung kula pendhet saking dalem.........( alamatipun besan ), saking wisma palereman ( menawi sampun kapondhokan ) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.

Pramila ngemban dhawuh........wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangkala sulih saliranipun Bapak ......( ingkang mengku gati ) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning panggalih mugi diagung pangaksami panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu'alaikum warrahmutullahi wabarakatuh.


Post a Comment for "Contoh sambutan pasrah pengantin pria bahasa jawa"