Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan dalam acara tasyakuran kenaikan pangkat dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara tasyakuran kenaikan pangkat dalam bahasa jawa


Contoh sambutan dalam acara tasyakuran kenaikan pangkat dalam bahasa jawa

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh.
  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kan hidayahipun sehinggo wekdal niki kito saged ndugeni undanganipun Bapak .......sekeluargo, keranten panjenenganipun sampun munggah pangkate. Lan ngundang kito sedoyo niki ngerupekaken bukti raos syukur lan bingahipun dumateng Allah SWT, pramilo saking niku kulo wonten mriki atas nami wakil saking Bapak.......ingkang nggadahi hajatan wekdal niki, ngucapaken matur nuwun sanget kelawan kempalipun poro undangan sedoyo. Mugiyo rawuhipun panjenengan sedoyo niki dipun ridhoi dening Allah SWT.

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Lan semanten ugi Bapak.....nyuwun agunge pangapunten dumateng sedoyo undangan mbok beleh wonten kekiranganipun, nopo niku saking pasogatan utawi lintu - lintunipun. Amargi niku sedoyo ingkang dipun nggadahi lan batas kemampuanipun.

  Munggahipun pangkat niku ngerupekaken anugerah lan nikmat saking Allah SWT ingkang kedah kiti syukuri. Lan ampun ngantos kito nerami nikmat lajeng kufur dumateng Allah ingkang sampun maringi nikmat. Menawi kito purun mensyukuri nikmat ingkang sampun kito terami lan raosaken, milo saking niku nikmat kolo wahu bakal dipun tambahi dening Allah SWT.
Keranten saking niku supados kito  senantiasa maos do'a. Ingkang artosipun inggih meniko :
" Ya Allah, ya Tuhanku, berikanlah aku kekuatan supoyo aku biso eling dumateng panjenengan Ingsun ( Allah ) lan raos syukur dumateng panjenengan Ingsun ( Allah ) lan eling dalem ngelampahi ibadah ingkang sahe ."

  Sedoyo undangan ingkang berbahagiya.
Ing dalem gesang kito meniko estu - estu kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT. Monggo kito niki enget lan sadar mbok beleh nikmat ingkang dipun paringaken kito sediyo niki katah sanget. Antawisipun peparinganipun Allah inggih meniko arupi kesehatan badan, kelawan badan sehat kito saget ngelampahi ibadah wajib arupi shalat lan ibadah lintunipun.
Pramilo saking niku kelaqan kesehatan kito sedoyo niki monggo kito sareng - sareng raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT .
Lan raos syukur kolo wahu buktekaken kelawan ngelampahi amalan ingkang nyoto lan ketingal. Keranten Allah sampun dawuh :
" La-in syakartum la-aziidanakum wa la-in kafartum inna 'adzaabi lasyadiidun ."
Ingkang artosipun
" Lamono siroh gelem syukur marang Allah pasti tak tak tambahi. Tapi sing kapan siroh kufur kelawan nikmat-Ku weruho  saktemene siksaan-Ku luwe sanget ."

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Raos syukur kedah kito buktekaken kelawan amal perbuatan. Misalipun kito damel ngedalaken sekedik rizki kanggo amal jariah, utawi nyumbang kangge kepentinganipun masyarakat, nopo niku kangge mbangun masjid utawi madrasah lan lintu - lintunipun.

  Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Amalan - amalan kados mekaten niku dipun nameni amal jariah ingkang pahalanipun mili terus senajan kito sampun pejah.
Kados ingkang dipun ngendikakaken Nabi Muhammad SAW, ingkang artosipun :
" Nalikane anak putu adam mati, mongko putus amale.
Mung ono telung perkoro ingkang mboten bade putus, inggih meniko : Amal jariah, ilmu ingkang manfaat lan anak sholeh sing gelem ndungakno marang wobg tuane loro ".

  Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten sambutan kulo wonten ing acara tasyakuran niki, kirang langkungipun kulo nyuwun agunge pangapunten.
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

   ~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~




Post a Comment for "Contoh sambutan dalam acara tasyakuran kenaikan pangkat dalam bahasa jawa"