Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh sambutan Dalam acara syukuran kehamilan ( ngupati / mitoni ) dalam bahasa jawa.


Contoh sambutan Dalam acara syukuran kehamilan ( ngupati / mitoni ) dalam bahasa jawa.


Contoh sambutan ing dalem walimatul hamil.

Assalamu'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh.

Hadirin sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng ngersanipun Allaah SWT. ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun, sehinggo kito ing wekdal niki saged ndugeni undanganipun Bapak......., sakeluargo kanti mboten wonten alangan setunggalipun punopo - punopo. Mugi - mugi kemawon ing dalem kekempalan kito dinten niki wonten gino lan manfaatipun.

  Shalawat ugi salam mugiyo tetep dipun paringaken Nabi kito Muhammad SAW., keluarganipun , poro sohabatipun lan ugi kaum muslimin sedoyo ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu - setu lan leres. Mugiyo kito sedoyo dados umatipun ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kanti estu - estu lan ugi leres.

  Hadirin sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Ingkang nggadahi hajat selametan tingkepan ( Walimatul hamil ) niki inggih meniko Bapak........sekeluargo. Semanten ugi kito dipun kempalaken supados tumut raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT., amergi selami pinten - pinten tahun sampun arep - arep momongan utawi putu ing dalem keluarganipun.

  Sakniki dipun tetenger utawi tondo kiyambake ingkang dipun paringi  tondo inggih meniko kelawan mbobot putranipun selami pitung wulan. Pramilo saking niku Bapak......, sakeluargo nyuwun dungo restunipun saking poro undangan sedoyo, supados jabang bayi ingkang taksih wonten madaran ibunipun niki paringi selamet, semanten ugi ibunipun senantiasa dipun paringi selamet selami mbobotipun.

  Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Gandeng kaliyan walimatul hamil wekdal niki, monggo kito sareng - sareng memperhatosaken dawuhipun Allah SWT wonten Al Quran, ing dalem serat Luqman, ayat kaping 14, ingkang artosipun:
  "Lan ingsun (Allah ) wis merintah marang menungso supoyo nglakoni keapikan marang wong tuwane loro, ibu siroh ingkang sampun ngandung ( mbobot ) ing dalem pinten - pinten kepayahan lan kelelahanipun ( susahipun ) lan misahaken selami kalih tahun. Monggo syukuro  siroh kabeh marang ingsun ( Allah ) lan marang wong tuwo loro siroh. Lan dateng ingsun Allah panggonan balih siroh."

  Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan mugiyo kito niki dados nyogo ingkang estu - estu berbakti dumateng tiyang sepah kalih. Semanten ugi, mugi - mugi Bapak.......sakeluargo benjang dipun paringi nyogo ingkang shalih beleh jaler lan shalihah beleh estri. Akhiripun Ihdinash shiraathal mustaqiim.
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


Post a Comment for "Contoh sambutan Dalam acara syukuran kehamilan ( ngupati / mitoni ) dalam bahasa jawa."