Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Sambutan Acara Arisan Ibu - Ibu dalam bahasa jawa

Contoh Sambutan Acara Arisan Ibu - Ibu dalam bahasa jawa



Assalamu'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh.

  Poro Ibu , sederek sedoyo ingkang kulo hormati, ing wekdal berbahagiya niki monggo kito sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wekdal niki saget ndugeni undanganipun Bapak / Ibu....sakeluargo kanthi mboten wonten alangan setunggalin punono punopo. Mugiyo ing dalem kekempalan niki kito senantiasa dipun ridhoi Allah SWT. Aamiin yaa rabbal 'Aalamiin..

   Shalawat lan salam mugiyo dipun paringaken dumateng Nabi kito Nabi Muhammad SAW, keluarganipun, poro sahabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang sami purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu estu lan leres. Mugiyo kito sedoyo kalebet umatipun beliau ingkang pikantuk safa'atipun teng mbenjang teng dinten akhir. Aamiin ya robbal 'Aalamiin..

  Poro ibu , sederek sedoyo ingkang kulo hormati.

Seminggu ingkang kepengker kito sampun ngawontenaken rapat utawi rembug sareng - sareng lan hasilipun rapat niku mutusaken mbok beleh dinten niki dipun milahi pembayaran arisan kaping setunggal. Lan dipun putusaken sareng - sareng mbok beleh mbayar ingkang kaping kalih lan sakterusipun inggih meniko saben setunggal minggu. Mugiyo kekempalan kito sedoyo niki dipun ridhoi Allah SWT lan kalebet ibadah sehinggo kekempalan niki saget amupuk tali silaturahim kagem kito sedoyo. Kulo kinten cekap semanten sambutan kulo niki kirang langkungipun kulo nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh.


Post a Comment for "Contoh Sambutan Acara Arisan Ibu - Ibu dalam bahasa jawa"